Rabu, 27 Juni 2012

GURIT KULAWARGAKU

  



                                ING SATENGAHE SAMUDRA BEBRAYAN IKI...
                                DAK SUWUN SLIRAMU MANGERTENI
                                AKU DUDUK DUWEKMU KANG MURNI
                                AKU UGA DUDUK DUWEKKE AWAK IKI

                                WIS MEH RONG PULUH TAHUN .....
                                ANGGONKU MAKARYO ING DONYA PAWIYATAN
                                PAYUWUNKU SLIRAMU IKHLAS
                                IKHLAS...LEGO LILA...NGECOLAKE AKU

                                KANGGO NGOWAHE DONYA PAWIYATAN
                                MARSUDI LUHUR BEBRAYANING NGAURIP
                                MATUR NUWUN...MATUR NUWUN TENAN
                                PEPUNDHENKU, SISIHANKU, GEGANTILANING ATIKU
          
                                AJA MUPUS NGGER,...ANGGONMU NGANGSU KAWRUH
                                KAWRUH BABAGAN APA WAE
                                KANG MIGUNANI TUMARAP AGAMA, BANGSA LAN NEGARA
                                TANSAH BISAA NJAGA WIBAWANING KALUWARGA

                                 MENDHEN JERO......MIKUL DHUWUR.......

                                 DUH GUSTI INGKANG AKARYO JAGAD
                                 KULA TANSAH NYUWUN PALILAH PANJENENGAN
                                 MUGI-MUGI PERJUWANGAN LAN PENGORBANAN KAWULA
                                 SAGED MIGUNANI RENCANG DWIJA TUWIN SISWA

                                 AMIN YAA RABBAL ALAMIN

                                                    (Dening: Siti Kristina, M.Pd)

CARANE NDONGA

           Ndonga iku wigati banget kanggo wong urip ing alam donya. Apa wae sing kita lakoni kudu tansah

yuwun palilah ( ridho )-ne Gusti Allah S.W.T. Wong urip iku ora mung ndonga wae, nanging kudu ikhtiyar utawa usaha kanggo nggayuh kamulyaning urip ndonya lan akherat.

           Nalika ndonga kudune migunakake cara supaya apa sing digayuh dikabulake marang Gusti sing Akarya Jagat.

Ing ngisor iki unggah-ungguhe utawa tata carane ndonga kang becik :
            1. Ngadhep ing kiblat
            2. Ndonga katujokake marang Gusti Allah S.W.T
            3. Kudu niyat kang ikhlas
            4. Niyate uga becik/apik
            5. Maca Hamdallah, Pujian, Istigfar lan Sholawat
            6. Nganggo swara lembut ( alon ), khusuk lan anteng
            7. Tawaduk lan rumangsa yen lagi butuh pitulungan saka Gusti Allah S.W.T
            8. Luwih becik ing kahanan kang suci
            9. Ndonga kudu ajeg, dibolan-baleni lan ora mupus
           10. Nduwe keyakinan yen dongane bakal dijabahi ( dikabulkan ) Gusti Allah S.W.T
Sing ora DIKEPARENGAKE tumrap wong kang donga yaiku:

             1.Gelem donga yen lagi kesusahan wae
             2. Aja donga amarga kepeksa
             3. Donga kang nduwe niyat ala/ora becik, tegese niyat sing bisa nyilakani wong liya
             4. Mupus, amarga rumangsa yen dongane ora dijabahi Gusti Allah


                               (KAPETHIK SAKA: "Bahan Ajar Basa Jawa kanggo kelas IX MTs Plus
                         Raden Paku Trenggalek smt genep th. 2012" kaanggit dening Siti Kristina, M.Pd)

Selasa, 05 Juni 2012

GURU BERSERTIFIKAT PENDIDIK AKAN DI UJI ULANG

       Pada Juli 2012 akan menggelar uji ulang bagi guru yang telah bersertifikat pendidik atau lulus sertifikasi. Tujuannya adalah untuk mengetahui ada atu tidaknya peningkatan guru pascasertifikasi dan juga bertujuan untuk membangun kesadaran guru agar selalu meningkatkan diri.Uji ulang pertama ini akan diikuti 1.020.000 guru yang sudah lolos sertifikasi dan telah menerima tunjangan profesi pendidik.

       Ujian dirancang secara online untuk yang dapat mengakses internet, dan tertulis untuk yang terkendala jaringan internet.Pelaksanaan ujian ulang ini jangan disalahpahami sebagai ancaman. Roh dari uji ulang untuk pembinaan, demikian kata Syawal Gultom, kepala badan pengembangan SDM kemendikbud. Menurut syawal, para  guru yang belum memenuhi standar akan dibina dengan berbasis web maupun tatap muka. Guru diberi kesempatan beberapa kali hingga mampu memenuhi standar profesional. Dengan cara ini para guru akan terbangun kesadarannya supaya tidak berhenti meningkatkan kualitas pembelajarannya. Jadi, guru-guru tidak puas dengan kelulusan sertifikasi saja, lanjut syawal.

SUMBER :Kompas.Com. Selasa, 5 Juni 2012 jam 21.22
        

Senin, 04 Juni 2012

LONG LIFE EDUCATION

                                                 LONG LIFE EDUCATION

          
 LONG LIFE EDUCATION, ngampil bebasanipun piyantun manca negari, wekdal meniko sesarengan swasono nyaman, sejuk, amargi dhateng njawi kathah wit-witan ingkang tansah njawil saliro ingkang saget nderek mangayubagyo sedoyo kegiyatanipun para DWIJA ingkang saweg ngangsu kawruh dhateng pawiyatan
MTs PLUS RADEN PAKU TRENGGALEK, dinten selasa tabuh 08.00 WIB surya 5 Juni 2012, regeng sanget ketawisipun para DWIJA anggenipun ngangsu kawruh babagan BLOG/Teknologi Komputer.

Sedoyo semangat! Pancen kedah mekaten Dwija ingkang  Profesional meniko, mboten iguh pakewuh, lingsem kaliyan sinten-sinten, menawi badhe ngangsu kawruh babagan ilmu punapa  kemawon mboten usah ragu-ragu, DWIJA meniko kedah tansah meng-update ilmunipun, sampun kawon kaliyan putra-putrinipun ingkang sampun lantip babagan Komputer, sampun ngantos tiyang sanes mangke ngastani kita GAGAP TEKNOLOGI.

HEBAT !! Para pamiyaos, sakmeniko para Dwija MTs Plus Raden Paku Trenggalek 85% sampun kagungan BLOG GURU ingkang sampun aktif, lha kegiyatan dinten meniko nuntasaken ingkang 15% dereng kagungan BLOG GURU. Mugi-mugi dinten meniko saget tuntas 100%. Amien. Ingkang mboten saget ngrawungi pawiyatan meniko mugi-mugi saget mahami, kados pundi wigatinipun ngangsu kawruh sesarengan, pikanthuk ilmu kathah kagem para  siswa kita. SUGENG MAKARYO, mugi-mugi kegiyatan dinten meniko wonten munpangatipun kagen kita sedoyo lan perjuwangan pendhidhikan utaminipun dhateng lingkungan MTs PLUS RADEN PAKU TRENGGALEK tuwin INDONESIA.

Jumat, 01 Juni 2012

PERJUWANGAN LAN DONGA

PERJUWANGAN LAN  DONGA

Dinten meniko tabuh wolu, wonten kantor MTs Plus Raden Paku Trenggalek, ngawontenaken rapat penting ingkang kasebut RAPAT KELULUSAN. Mboten wonten ingkang nguciwaaken kita sedanten alias sampun LULUS 100%, mekaten dhawuhipun Bapak Kepala Madrasah, Bapak IHSAN MAKIN, S.Pd.  Menawi dipun pirsani saking daftar nilai kolektif siswa ingkang nderek ujian nasional ugi ujian madrasah milanipun ngedap-edapi sanget!!. Lulusan tahun meniko pancen JOSS saestu!!. Rata2 nilainipun siswa 9,00. Malah amargi nilainipun siswa sae meniko pikantuk PERINGKAT 2 perolehan nilai Ujian Nasional SMP/MTs negeri tuwin swasta se-Kab Trenggalek. Alhamdulillah Yaa Rabb...Tegesipun Peringkat 1 SMP/MTs Swasta se-kab Trenggalek.

Sedoyo prestasi meniko patut kita syukuri sesarengan, sedoyo meniko mboten kliwat perjuwangan lan donga kita sedoyo sedinten- dinten. Prestasi ingkang sampun dipun cepeng meniko kedahipun malah kagem PECUT ingkang saget nggugah sedanten kekirangan kita, Tiyang sanes mesthipun badhe nempil/ngundhuh jamu, resep, trik, teknik, lan lintunipun saking kita sedanten. KEDAH SIAP!!! injih...kedah siap nyepeng prestasi malih tahun ngajeng. Punopo mawon ingkang dipun siapaken? Jiwa keikhlasan, sampun rumayos prestasi dinten meniko puncak saking akumulasi perjuwangan lan  donga kita, ananging meniko malah babak awal penyadaran kita menawi pendhidhikan meniko PROSES, asilipun mboten saget namung dipun ukur nilai2 ujian, wonten aspek lintu ingkang mboten saget kita lirwaaken, injih meniko pendhidhikan BUDI PEKERTI ingkang sampun mangewu-ewu tahun mancep lan terakumulasi dhateng pelajaran utaminipun Agami Islam, PKn, Aqidah Akhlak. tuwin SKI, ugi Bhs Jawi. Kados pundi mangke bibar lulus? menopo enduk thole kita dados pribadi ingkang berakhlakul karimah, kaliyan Gusti Ingkang Akarya Jagad, bapa biyungipun, ugi bapa ibu guru ingkang nggula wentah dhateng sekolahan? meniko sedoyo TANGGUNGJAWAB kita ingkang mboten wonten telase! Milanipun Kita sedoyo KEDAH SAGED dados TEPA PALUPInipun lare-lare wonten pundi kemawon!


Pungkasanipun atur kula, mugi2 prestasi tahun meniko mboten nyebabaken BOMBONG MANAH ingkang kathah lan nglirwaaken kewajiban2 ingkang langkung prayoga. Sugeng ngayahi jejibahan. Mugi2 Gusti Allah paring kasarasan, rizki tuwin gangsar anggenipun nglampahi sedoyo kegiyatan. amien. BE SUCCESFULL!