GURIT WENGI
kekancan swarane wayer kang ngipasi ragilku
kekancan endahing kidung jangkrik
kekancan swasono ratri kang nambahing
kekesing atiku ..............................
duh Gusti Ingkang akarya Jagad
sepi nyenyep iki martandani sepira kawicaksanan Panjenengan
ngukur lan ngukir sakabehing lelakon urip
urip ora mung dilakoni
urip kudu migunani...migunani kanggo sapada
wengi iki, lagi wae rampung anggonku menthelengi........
kabeh karya geguritane anak-anakku
kang ngangsu kawruh ana ing MTs Plus Raden Paku......
lega anggonku anggulawentah
sajakke wus padha mangerteni sepira wigatine gawe geguritan iki
tahun iki candra kapapat
anak-anakku pada nempuh ujian
kanggo antuk tanda tamat piwulangan
Mugo-muga kabeh panjangkane bisa kasembadan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar