Rabu, 27 Juni 2012

CARANE NDONGA

           Ndonga iku wigati banget kanggo wong urip ing alam donya. Apa wae sing kita lakoni kudu tansah

yuwun palilah ( ridho )-ne Gusti Allah S.W.T. Wong urip iku ora mung ndonga wae, nanging kudu ikhtiyar utawa usaha kanggo nggayuh kamulyaning urip ndonya lan akherat.

           Nalika ndonga kudune migunakake cara supaya apa sing digayuh dikabulake marang Gusti sing Akarya Jagat.

Ing ngisor iki unggah-ungguhe utawa tata carane ndonga kang becik :
            1. Ngadhep ing kiblat
            2. Ndonga katujokake marang Gusti Allah S.W.T
            3. Kudu niyat kang ikhlas
            4. Niyate uga becik/apik
            5. Maca Hamdallah, Pujian, Istigfar lan Sholawat
            6. Nganggo swara lembut ( alon ), khusuk lan anteng
            7. Tawaduk lan rumangsa yen lagi butuh pitulungan saka Gusti Allah S.W.T
            8. Luwih becik ing kahanan kang suci
            9. Ndonga kudu ajeg, dibolan-baleni lan ora mupus
           10. Nduwe keyakinan yen dongane bakal dijabahi ( dikabulkan ) Gusti Allah S.W.T
Sing ora DIKEPARENGAKE tumrap wong kang donga yaiku:

             1.Gelem donga yen lagi kesusahan wae
             2. Aja donga amarga kepeksa
             3. Donga kang nduwe niyat ala/ora becik, tegese niyat sing bisa nyilakani wong liya
             4. Mupus, amarga rumangsa yen dongane ora dijabahi Gusti Allah


                               (KAPETHIK SAKA: "Bahan Ajar Basa Jawa kanggo kelas IX MTs Plus
                         Raden Paku Trenggalek smt genep th. 2012" kaanggit dening Siti Kristina, M.Pd)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar