Jumat, 01 Juni 2012

PERJUWANGAN LAN DONGA

PERJUWANGAN LAN  DONGA

Dinten meniko tabuh wolu, wonten kantor MTs Plus Raden Paku Trenggalek, ngawontenaken rapat penting ingkang kasebut RAPAT KELULUSAN. Mboten wonten ingkang nguciwaaken kita sedanten alias sampun LULUS 100%, mekaten dhawuhipun Bapak Kepala Madrasah, Bapak IHSAN MAKIN, S.Pd.  Menawi dipun pirsani saking daftar nilai kolektif siswa ingkang nderek ujian nasional ugi ujian madrasah milanipun ngedap-edapi sanget!!. Lulusan tahun meniko pancen JOSS saestu!!. Rata2 nilainipun siswa 9,00. Malah amargi nilainipun siswa sae meniko pikantuk PERINGKAT 2 perolehan nilai Ujian Nasional SMP/MTs negeri tuwin swasta se-Kab Trenggalek. Alhamdulillah Yaa Rabb...Tegesipun Peringkat 1 SMP/MTs Swasta se-kab Trenggalek.

Sedoyo prestasi meniko patut kita syukuri sesarengan, sedoyo meniko mboten kliwat perjuwangan lan donga kita sedoyo sedinten- dinten. Prestasi ingkang sampun dipun cepeng meniko kedahipun malah kagem PECUT ingkang saget nggugah sedanten kekirangan kita, Tiyang sanes mesthipun badhe nempil/ngundhuh jamu, resep, trik, teknik, lan lintunipun saking kita sedanten. KEDAH SIAP!!! injih...kedah siap nyepeng prestasi malih tahun ngajeng. Punopo mawon ingkang dipun siapaken? Jiwa keikhlasan, sampun rumayos prestasi dinten meniko puncak saking akumulasi perjuwangan lan  donga kita, ananging meniko malah babak awal penyadaran kita menawi pendhidhikan meniko PROSES, asilipun mboten saget namung dipun ukur nilai2 ujian, wonten aspek lintu ingkang mboten saget kita lirwaaken, injih meniko pendhidhikan BUDI PEKERTI ingkang sampun mangewu-ewu tahun mancep lan terakumulasi dhateng pelajaran utaminipun Agami Islam, PKn, Aqidah Akhlak. tuwin SKI, ugi Bhs Jawi. Kados pundi mangke bibar lulus? menopo enduk thole kita dados pribadi ingkang berakhlakul karimah, kaliyan Gusti Ingkang Akarya Jagad, bapa biyungipun, ugi bapa ibu guru ingkang nggula wentah dhateng sekolahan? meniko sedoyo TANGGUNGJAWAB kita ingkang mboten wonten telase! Milanipun Kita sedoyo KEDAH SAGED dados TEPA PALUPInipun lare-lare wonten pundi kemawon!


Pungkasanipun atur kula, mugi2 prestasi tahun meniko mboten nyebabaken BOMBONG MANAH ingkang kathah lan nglirwaaken kewajiban2 ingkang langkung prayoga. Sugeng ngayahi jejibahan. Mugi2 Gusti Allah paring kasarasan, rizki tuwin gangsar anggenipun nglampahi sedoyo kegiyatan. amien. BE SUCCESFULL!








Tidak ada komentar:

Posting Komentar