Senin, 04 Juni 2012

LONG LIFE EDUCATION

                                                 LONG LIFE EDUCATION

          
 LONG LIFE EDUCATION, ngampil bebasanipun piyantun manca negari, wekdal meniko sesarengan swasono nyaman, sejuk, amargi dhateng njawi kathah wit-witan ingkang tansah njawil saliro ingkang saget nderek mangayubagyo sedoyo kegiyatanipun para DWIJA ingkang saweg ngangsu kawruh dhateng pawiyatan
MTs PLUS RADEN PAKU TRENGGALEK, dinten selasa tabuh 08.00 WIB surya 5 Juni 2012, regeng sanget ketawisipun para DWIJA anggenipun ngangsu kawruh babagan BLOG/Teknologi Komputer.

Sedoyo semangat! Pancen kedah mekaten Dwija ingkang  Profesional meniko, mboten iguh pakewuh, lingsem kaliyan sinten-sinten, menawi badhe ngangsu kawruh babagan ilmu punapa  kemawon mboten usah ragu-ragu, DWIJA meniko kedah tansah meng-update ilmunipun, sampun kawon kaliyan putra-putrinipun ingkang sampun lantip babagan Komputer, sampun ngantos tiyang sanes mangke ngastani kita GAGAP TEKNOLOGI.

HEBAT !! Para pamiyaos, sakmeniko para Dwija MTs Plus Raden Paku Trenggalek 85% sampun kagungan BLOG GURU ingkang sampun aktif, lha kegiyatan dinten meniko nuntasaken ingkang 15% dereng kagungan BLOG GURU. Mugi-mugi dinten meniko saget tuntas 100%. Amien. Ingkang mboten saget ngrawungi pawiyatan meniko mugi-mugi saget mahami, kados pundi wigatinipun ngangsu kawruh sesarengan, pikanthuk ilmu kathah kagem para  siswa kita. SUGENG MAKARYO, mugi-mugi kegiyatan dinten meniko wonten munpangatipun kagen kita sedoyo lan perjuwangan pendhidhikan utaminipun dhateng lingkungan MTs PLUS RADEN PAKU TRENGGALEK tuwin INDONESIA.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar